Pranatacara

 PRANATACARA



A.    Pangertosan
Salah satunggaling pedaleman ingkang nggadahi jejibahan nglantaraken reroncening adicara ing salebeting acara saking purwa dumugi wasana.

B.     Perangan Pranatacara
1.      Pambuka
è Salam   : Uluk salam dhateng ingkang rawuh
Tuladha: Assalamu’alaikun
               Sugeng enjing
               Sugeng siyang
               Sugeng rawuh

è Atur Pamuji: Ngonjukaken puji syukur dhateng Gusti
Tuladha      : Sumangga kula panjenengan ngonjukaken puji syukur dhateng
                     Gusti Allah S.W.T ingkang sampun paring kanikmatan satemah
                     Kula lan panjenengan saged kempal manunggal ing papan 
                     Menika kanthi kalis nir sambekala.

è Atur Pakurmatan: Minangka tandha pakurmatan dhateng ingkang rawuh
Tuladha              :  Kepala SMA N 2 Wonosari ingkang minulya Bapak, Ibu
                              Dwija ingkang kinurmatan
                              Kanca-kanca ingkang bagyamulya

2.      Isi: Reroncening adicara
3.      Panutup
è Atur panuwun: Minangka atur panuwun kagem tiyang ingkang sampun rawuh
Tuladha          : Matur nuwun arwit kawruhipun panjenengan ing titi wanci
                         menika.

è Atur pangapunten: Atur pangapunten menawi wonten kalepatan
Tuladha                : Saderengipun kula mungkasi adicara menika, kula
                               minangka pranatacara ngaturaken atur pangapunten
                               hambak bilih anggen kula nglantaraken acara ing wanci
                               menika wonten kalepatam atur amargi kirangipun
                               seserapan.
è Salam panutup

C.    4W
1.      Wiraga
Inggih menika ngengingi babagan solah bawah/ trapsila nalika ngandharaken pranatacara.
2.      Wirama
Inggih menika ngengingi babagan irama/ intonasi ingkang dipunginakaken nalika dados pranatacara.
3.      Wirasa
Inggih menika ngengingi babagan penghayatan kaliyan adicara.
4.      Wicara
Inggih menika ngengingi babagan pocapan ingkang cetha (t, th, d, dh) lan saged mbedakaken tetembungan ingkang memper.

D.    Jejibahan Pranatacara
1.      Maosaken urut-urutaning acara.
2.      Ngatur saha nglantaraaken adicara supados saged gangsar
3.      Maosaken saha nyamektaaken paraga ingkang kajibah nindakaken tanggap wacana.

E.     Metode-metode Ngandharaken Pranatacara
1.      Maos teks
Nalika nindakaken jejibahan pranatacara kanthi maos teks.
2.      Apalan
Nalika ngandharaken jejibahan pranatacara menika kanthi ngapalaken teks ingkang dipunwaos.
3.      Ekstemporan
Nalika nindakaken jejibahan pranatacara ngasta cathetan alit.
4.      Impromtu
Pranatacara nindakaken jejibahan kanthi dadakan.


Tuladha Teks Pranatacara:
Assalamu’alaikum wr.wb
            Sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan saha kasarasan satemah kita sedaya saged kempal manunggal wonten ing tata adicara pengetan dinten kamardikan menika.
Bapak Tedjo Suprapto minangka dukuh saking Padukuhan Klayar ingkang minulya.
Bapak Wakijo minangka ketua RT 02 Padukuhan Klayar ingkang kinurmatan.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana.

            Wonten ing titiwanci menika, kula minangka pranatacara badhe ngandharaken susunan adicara. Inggih menika:
1.      Pambuka
2.      Atur pangandikan saking ketua panitia
3.      Atur pangandikan saking ketua RT 02
4.      Atur pangandikan saking dukuh
5.      Pagelaran seni tari
6.      Pambagean hadiah
7.      Panutup
Ingkang setunggal, mangga adicara menika kita purwakani kanthi waosan basmalah.      
 Kula ndherekaken...                                                                                                                                                              
Matur nuwun.
Acara ingkang kalih inggih menika atur pangandikan saking sedherek Budi Prasetyo minangka ketua panitia. Dhumateng sedherek Budi Prasetyo kula sumanggaaken.           Matur nuwun kula aturaken dhumateng sedherek Budi Prasetyo.
Acara ingkang ketiga inggih menika atur pangandikan saking Bapak Wakijo minangka ketua RT 02. Dhumateng Bapak Wakijo kula sumanggaaken.                            Matur nuwun kula aturaken dhumateng Bapak Wakijo.
Acara ingkang sekawan inggih menika atur pangandikan saking Bapak Tedjo Suprapto minangka dukuh saking Padukuhan Klayar. Dhumateng Bapak Tedjo Suprapto kula sumanggaaken.                                                                                                                       Matur nuwun kula aturaken dhumateng Bapak Tedjo Suprapto.
Acara ingkang gangsal inggih menika pagelaran seni tari saking pemuda Padukuhan Klayar. Dhumateng pemuda Padukuhan Klayar kula sumanggaaken. Makaten pagelaran seni tari saking pemuda Padukuhan Klayar ingkang sampun ngregengaken acara menika.
Acara ingkang enem inggih menika pambagean hadiah.
Acara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Matur nuwun dhumateng panjenengan sedaya sampun rawuh wonten ing adicara menika. Kula minangka pranatacara menawi kathah kalepatanipun, kaperenga panjenengan sedaya paring agenging samudra pangaksami. Mangga kita tutup acara menika kanthi waosan hamdalah sesarengan, kula sumanggaaken.
Matur nuwun, wassalamu’alaikum wr.wb

Komentar

Postingan Populer