Materi Deskripsi Omah Adat
Deskripsi
yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane
penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan,
manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake
kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca.
Wacana iki njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake
saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku
ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi
wutuh lan cetha. Cethane wacana deskripsi iku wacana kang nggambarake utawa
njlentrehake kanthi cetha salah sawijining kahanan utawa obyek, lan kaya-kaya
kang padha maca isa ngrasakake utawa ngreti kaya kang dicritakake.
Saliyane kuwi, karangan deskripsi
yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek kang
sanyatane. Wacana deskripsi ana kang diarani wacana deskripsi objektif yaiku
salah sawijine jenis karangan deskripsi kang anggone nggambarake objek mau ora
dikantheni karo opini saka penulis. Saliyane iku uga ana wacana deskripsi kang
diarani wacana deskripsi subjektif yaiku kosok baline saka deskripsi objektif,
yaiku anggone nggambarake objek iku dikantheni karo opini saka penulis. Becik
lan orane wacana deskripsi iku gumantung saka panulise, amarga saya pinter lan
cetha anggone nggambarake kahanan bakal saya cetha para pamaca anggone
ngreteni.
Topik-topik
kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :
a.
kahanan ruang, umpamane ruang sinauku, gerbong sepur kelas
ekonomi, lan pos rondha ing desaku;
b.
kahanan barang, umpamane maneka warna kembang ing Taman
Bunga Nusantara, wong-wong suku Dayak, lan bis kuning UI;
c.
proses, umpamane proses nggawe klambi kebaya lan budhal
menyang sekolah.
Wujud omah tradhisional Jawa iku
awujud joglo. Sanajan awujud joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane:
joglo Limasan Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo Pangrawit, joglo
Mangkurat, joglo Hageng, lan joglo Semar Tinandhu. Wewangunan omah joglo iku
ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku:
1. Teras utawa Pendhapa
Dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa
tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang
tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa
kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake
sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih
kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe perkara
kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan
sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep
njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang
jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon
gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo.
2. Pringgitan
Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing
jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa
upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang
kulit, mula dijenengke pringgitan
saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa
teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe
kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan
budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
3. Dalem Agung
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine.
Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah
tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo
kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi).
Ini nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong
liya ora kudu ngerti urusan pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku
sejatine kudu bisa njaga kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang
ana ing sajroning kluwarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu
dirembug kanthi musyawarah kluwarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari
perkara kang lagi disandhang.
4. Krobongan/senthong
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane
fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah,
yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah
nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan
iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake
yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.
5. Gandhok atau Pawon/pekiwan
Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan kamar
mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang
asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo
masak masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana
ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan
dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan
ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).
· Tuladha wacana deskripsi !
Ing
arsitektur wewangunan omah joglo, seni arsitektur ora mung babagan seni
konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai lan norma masarakat
pendukunge. Katresnane manungsa ing cita rasa kaendahan, semono uga sikep religius
kawujud ing arsitektur omah joglo.
Istilah joglo iku dumadi saka cengkorongan bangunan utama
yaiku saka guru awujud patang cagak
utama kanthi pengeret tumpang sanga
utawa tumpang telu ing dhuwure.
Struktur kang kaya mangkene iki saliyane kanggo sangga struktur utama omah, uga
minangka sanggan payon omah supaya bisa awujud pencu (piramid).
Bab iki nglambangake dene manungsa iku makhluk sosial kang ora bisa nglakoni urip kanthi dhewekan, nanging
kudu tansah tulung-tinulung lan sesambungan karo wong liya. Kanthi saka guru
kang kuwat minangka pondhasine omah iku negesake lamun karukunan lan mad
sinamadan ing bebrayan iku uga kuwat lan masarakate uga kuwat. Yen wis kuwat
sakabehe bisa ndadekake negarane uga kuwat.
Ing perangan lawang duwe telung lawang, yaiku lawang utama
ing tengah lan rong lawang kang ana ing sisih ngiringan kiwa lan tengene lawang
utama. Katelu perangan lawang iku nglambangake kang nedheng ngembang lan
ngupadi ing sajroning kluwarga. Teges liyane yaiku nulad saka lelakone kewan
kupu wiwit saka uler nganti tekan dadi kupu. Dene sadurunge dadi kupu, uler iku
nglakoni dadi enthung kang kabuntel ora isa apa-apa anane mung semedi. Nanging
bareng wis lulus anggone tapa lan prihatin owah saka kewan kang nggilani lan
ngateli dadi kewan kang nyenengake yaiku kupu. Iki nglambangake manungsa iku
kudu duwe sipat prihatin lan ngendhaleni hawa nepsu yen kepingin kepenak ing
tembe mburine.
Ing perangan njero ana kang diarani gedhongan kang diembake kaya dene mihrab, papan panggonan imam kang mimpin shalat. Bab iki
nglambangake yen omah iku saliyane dadi papan panggonan ngeyup, bisa uga kanggo
papan ngabekti marang Gusti kang dipercaya. Mula saka iku ing ngendi papan
manungsa iku kudu tansah eling marang Gusti kang nitahake.
Ruwang ngarep ana kang sinebut jaga satru. Ruwang iki ing sangarepe lawang ana sawijining cagak
mung siji kang sinebut saka geder
utawa cagak keseimbangan. Cagak iki
nuduhake sapa pawongan kang duwe omah. Saliyane iku minangka pratandha minangka
cagak kang tansah ngelingake marang Gusti kang maha kawasa.
Pamilihe kayu kanggu tembok utawa gebyok lan gendheng
lempung amarga material iki entheng, mula ora ngebot-eboti yen dipasang ing
papan dhuwur. Sirkulasi udara ing omah joglo iku becik banget amarga dirancang
tinarbuka lan ing payone digawe ana trap-trapane. Ing omah joglo payon digawe
wujud trap-trapan lan undha usuk mendhuwur. Bab iki nglambangake ana
sesambungan ing antarane manungsa lan manungsa, uga manungsa karo Gustine. Mula
ing papan iki kerep banget digunakake kanggo nglumpuk ing antarane kluwarga,
tundhone bisa gawe rumakete ing sakabehe.
Payon omah joglo iku rinakit saka payon lambang sari lan lambang gantung. Dene kalorone ngapit payon kang dumunung ing
tengahe. Bab iki nglambangake lamun manungsa urip iku yen saya dhuwur darjate
bakal luwih gedhe pacobane. Nanging kanthi rinakit lan tansah sesambungan bakal
nguwatake anggone nglakoni pacoban kasebut.
Saka andharan kasebut bisa dijupuk dudutan saka wewangunan
omah joglo yaiku nenuntun manungsa supaya urip sesambungan karo wong liya (sosial) lan tulung-tinulung iku
ndadekake manungsa ora ongas lan ngurmati siji lan sijine, lan uga ora bakal
lali marang Gusti kang nitahake. Wewangunan fisik minangka sawijining tandha
undhak-undhakane panguripane manungsa kang ngemot nilai intrinsik kearifan
lokal. Sawijining kearifan lokal bisa ditemokake ing omah adat tradhisi. Omah
adat minangka sawijining wujud nyata kabudayan kang bisa disawang kanthi kasat
mata.
Komentar
Posting Komentar