Materi Pawarta
Materi Pawarta
A. Mangerteni
Pawarta lan Unsur-Unsur Pawarta
Pawarta yaiku
informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar medhia
cethak, elektronik, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
Prastawa biyasane ngandhut informasi kang wigati. Informasi kang wigati iki
biyasane diarani pokok informasi.
Ukara sajroning
informasi kaperang dadi loro, yaiku fakta lan opini. Fakta minangka andharane
kang nduweni sipat nyata lan bisa kabuktekake lumantar grafik, poto, tabel, lan
liya-liyane. Dene opini yaiku andharane kang anyar winates panemu, pamikir, lan
panjangkane panulis durung kelakon.
Pawarta nduweni
ciri-ciri kaya ing ngisor iki.
1. Tinemu nalar (logis).
2. Informasi lengkap lan
jumbuh karo rumus 5W + 1H
3. Struktur basa trep.
4. Diksi trep, ora
ambigu.
5. Narik kawigaten.
6. Basa kang nengsemake.
Pawarta iku bisa
wujud:
1. Lesan, kang biyasane
kababar lumantar medhia elektronik.
Tuladhane: TV, Radio,
lan sapanunggalane.
2. Tulisan, kang
biyasane kababar lumantar medhia cethak.
Tuladhane: Ariwarti
(Koran), Kalawarti (Majalah), lan sapanunggalane.
B. Ngandharake
Informasi Saka Pawarta
Pawarta iku kaperang
dadi papat yaiku headline, deadline, lead, lan body
language. Gatekna katrangan saben perangan ing ngisor iki!
1. Headline (Judul/Irah-irahan)
Headline yaiku
irah-irahan kanggo:
1) Nggampangake
pamaca mangerteni pawarta kang bakal diwaca, lan
2) Nuduhake
pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar
2. Deadline (Wates
Wektu)
Ancase deadline yaiku
nuduhake papan kadadean lan jeneng medhia massa. Mula perangan iki nyebut
jeneng medhia massa, papan, lan tanggal kadadean.
3. Lead (Teras
Pawarta)
Lead biyasane
katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iki tinulis amarga minangka
perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake ing pawarta, lan nggambarake
sakabehe pawarta.
4. Body
Language (Surasane Pawarta/Bahasa Tubuh)
Surasane nyritakake
prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi
mangkono body language minangka pangembange pawarta.
Ing pawarta sing apik
iku kudu ngandhut unsur 5W + IH. Andharane 5W + IH kaya ing ngisor iki, coba
digathekake kanthi permati.
1. What (Apa), yaiku
njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta.
2. Who (Sapa), yaiku
njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur sapa iki
biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel,
umum, lan sapanunggalane.
3. When (Kapan), yaiku
unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku dumadi utawa wektu
kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan.
Tuladha: mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.
4. Where (Ana
Ngendi), yaiku njlentrehake babagan panggonan kedadean prastawa ing
pawarta iku.
5. Why (Kena
Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean.
Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.
6. How (Kepiye), yaiku
njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake kepiye
swasana ing prastawa iku.
C. Maca
Pawarta Nganggo Basa Krama
Maca prastawa uga
diarani maca teknik. Maca teknik yaiku maca kanthi pocapan kang cetha, bisa keprungu
endah lan cetha dening wong liya. Supaya bisa maca teknik, gathekna
babagan-babagan ing ngisor iki!
1. Pocapan utawa lafal
kudu vetha antarane vokal lan konsonan.
2. Lagu ukara, yaiku
munggah medune swara.
3. Kawijangan pocapan,
yaiku gamblang dirungokake lan bener tumrape ature basa.
4. Pandeleng mripat
tumuju marang pamirsa, tajem, lan mrebawani.
5. Sikep maca kudu sopan
lan bener.
Maca pawarta kudu
seru, nanging tetep nggathekake teknik-teknik maca pawarta, yaiku.
1. Pamaca pawarta kudu
nguwasani isi pawarta sing arep diwaca. Sadurunge maca, pamaca pawarta kudu
maca naskah luwih dhisik lan nliti umpamane ana sing kleru.
2. Pelafalan (pocapan)
uga wigati. Konsonan utawa vokal kudu cetha supaya ora dadi samar karepe amarga
ana tembung sing meh padha pangucapane.
3. Unjal napas (jeda)
kudu bener. Dawa cendhake jeda kudu digathekake. Biyasane pamaca pawarta
migunakake:
a. Tandha
(/) : kanggo
mandheg sedhela.
b. Tandha
(//) : kanggo
mandheg suwe.
c. Tandha
(_) : kanggo
pungkasan baris sing ora kena mandheg.
4. Ing wirama (dhuwur
cendhake swara) kudu diselang seling supaya gampang mbedakake antarane bagean
sing wigati lan ora.
5. Anggone maca ora kena
cupet banget utawa rendhet banget. Tempo sing cepet banget angel ditampa
pamiarsa. Suwalike yen rendhet banget bakal mboseni sing ngrungokake.
6. Bantere swara kudu
cukup saengga gampang ditampa.
7. Menawa pamaca pawarta
dipajang (di-shooting), sikep pamaca pawarta kudu wajar, aja kaku lan sakarepe
dhewe, pandeleng/netra aja ngasi naskah terus.
Pamaca luwih becik
uga mangerteni sipat-sipate pawarta, yaiku.
1. Aktual
(Anyar), yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta
lawas.
2. Jarak
(Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi
ing sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
3. Wigati, yaiku
sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati amarga bisa
ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.
4. Akibat, yaiku
sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.
5. Congkrah/Konflik,
yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane congkrahan.
6. Tintrim, tuladhane
: nalika nulungi wong ing kacilakaan.
7. Kemajuwane, yaiku
inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih narik kawigaten
pamiarsa.
8. Emosi, yaiku
sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela. Tuladha:
nemokake bayi ing pinggir kali.
9. Humor, yaiku
gawe sengsem, mesem, lan guyu.
D. Nulis Pawarta
Nulis pawarta nduweni
cara dhewe kang kudu digathekake, yaiku:
1. Objektif
Ing babagan iki
penulis ora kena martekake pawarta dikantheni kepentingan pribadi lan sponsor.
Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
2. Cover Both Side
Pawarta iku kudu imbang,
aja abot sisih. Luwih-luwih nyebutake pehak-pehak kang ana gegayutane langsung
karo pawarta kasebut.
Dene nulis pawarta
kudu ana tahap-tahapane, yaiku.
1. Nglumpukake fakta
utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawanrembug), kedadean
langsung, utawa data-data tulis.
2. Nemtokake teras
berita (lead).
3. Mulih tembung-tembung
kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang lurus aja molak-malik utawa
dienjah-enjah.
4. Ngawiti nulis kanthi
jenjem lan temenan.
Komentar
Posting Komentar