MATERI CERKAK

A.   Pangerten Cerkak
Cerita cekak (cerkak) yaiku sawijining karangan kang nyeritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungso. Crita ing cerkak dumadi andhedhasar saka urutan sawijining kedadean utawa prastawa. Prastawa ing cerkak dilakoni dening paraga, lan paraga kasebut nglakoni rerangkening konflik saengga kedadean, paraga, lan konflik iku kalebu unsur pokok jroning cerkak.

Cerkak kang becik yaiku ceriyane urut lan prasaja, nyeritakake sawijining paraga saka pitepangan nganti pungkasaning crita kanthi kang gampang dimangerteni.

        Crita cekak (cerkak) nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.
1. Critane ringkes.
2.  Ana gegayutane karo lelakone manungsa.
3.  Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah (bertengkar; berkelahi; berselisih), lan ngrampungake perkara.
4.  Cacahe tembung kurang saka sewu tembung.




B.    Unsur Intrinsik Cerkak
Cerkak nduweni unsur sing mbangun crita saka njero crito kasebut. Unsur kasebu diarani unsur intrinsik. Unsur intrinsik kaya ta tema, latar, punjering crita/sudut pandang, alur/plot, penokohan, lan konflik.
1.  Tema
Tema yaiku pokok jroning crita utawa masalah sing utama kang dadi lelandhesan/undhering crita.
2.  Setting/Latar
Setting ngemot wektu, papan/panggonan, lan swasana jroning crita.
3.  Punjering Crita (Sudut Pandang)
Sudut pandang utawa punjering crita yaiku penulis anggone ngetrapake awake naliko nyeritakake. 
Punjering crita kaperang dadi telu yaiku:
a.  Panganggit nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan, nyritakake apa kang dilakoni penulise.
b.  Panganggite nggunakake sudut pandang liyane, dheweke luwih akeh ngamati saka njabaning crita tinimbang sajroning crita. Panganggite biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu.
c.  Panganggite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngreti. Pangangite nyawang paraga nganti sajroning pikiran lan atine. Mula panganggit ing kene bisa nyritakake rahasia batine paraga.

4.  Alur/Plot
        Alur utawa plot yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan. Alur kadhapuk kanthi urutan kedadean. Alur kaperang dadi loro yaiku:
1)  Alur Maju (Progresif) yaiku prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita.
2)  Alur Mundur (Flashback progresif) yaiku kang gegayutan karo prastawa kang lagi dumadi.
    Ana sajroning alur kuwi  mau ana limang jinis kang nyusun alur wacan, yaiku:
a.  Exposition, yaiku nepungake kahanan, paraga, uga gegayutan antarane paraga siji lan sijine kang diceritakake.
b. Complication, yaiku njlentrehake kedadean kang ndekekake sumbering perkara.
c.  Rising Action, yaiku wimbuhing perkara kang dialami dening paragane.
d.  Turning Point, yaiku mentokake paraga bisa ngrampungi perkoro apa orane. Paraga iku uga disebut klimak.
e.  Ending, yaiku kabeh perkara kang diadhepi dening para paragane wis bisa dirampungake.

5.  Penokohan
        Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dimangerteni karakter saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
6.  Konflik
        Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake perkara kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten.



C.    Unsur Ekstrisik
1.      Nilai-nilai ing cerita (agama, budaya, politik, sosial, lan ekonomi).
2.      Asal-muasalipun penulis utawi biografinipun penulis.
3.      Kondisi sosial pas cerkak kasebut dipuntulis.

D.   Nemtokake Nilai Luhur Ing Jroning Cerkak
       Saliyane unsur intrinsik, cerkak ugo nduweni saperangan babagan kang diarani ‘nilai’ ing njerone nilai kasebut kaperang dadi sanga, yaiku.
1.  Nilai budaya, nilai iki ana gegayutane karo pemikir, pakulinan, lan asil karya cipta.
2.  Nilai sosial, nilai iki ana gegayutane karo tindak-tanduk ing pasrawungan antarane wong siji lan sijine.
3.  Nilai moral, nilai iki ana gegayutane karo tumindak becik lan ala minangka dhasar panguripan manungsa lan masyarakat.
4.  Nilai religius, nilai iki ana gegayutane karo tuntunan agama lan kapitayan.
5.  Nilai pendhidhikan, nilai iki ana gegayutane karo owah-owahan tindak-tanduk ala dadi becik.
6.  Nilai estetis/kaendahan, nilai iki ana gegayutane karo bab-bab kang narik kawigaten kaendahan seni utawa nyenengake.
7.  Nilai etika, nilai iki ana gegayutane karo subasita ing bebrayan.
8.  Nilai politis, nilai iki ana gegayutane karo pamerentah.
9.  Nilai kemanusiaan, nilai iki ana gegayutane karo sipat-sipat manungsa.

E.    Gawe Sinopsis Cerka
        Sinopsis cerkak yaiku ringkesane crita saka cerkak. Sinopsis nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.
1.   Alur ing sinopsis kudu jumbuh karo crita asline.
2.   Basa kang digunakke jinis persuasif saengga pamaca manut karo kekarepane penulis crita.
3.   Narik kawigaten pamaca.
4.   Anane dredah lan masalah kanthi ringkes.
5.   Gawe gorehe ati pamaca.

Tata cara nulis sinopsis yaiku:
1.   Menehi gegambaran ringkes ngenani urut-urutane lan isine crita.
2.   Nyathet gagasan pokok utawa gagasan kang dianggep wigati.
3.   Nulis ringkesan saka gagasan kang dianggep wigati.
4.   Migunakake ukara kang cetha, gampang dimangerteni, efektif, lan narik kawigaten nalika nulis ringkesan crita.
5.   Kanggo nulis dialog utawa monolog paraga sacukupe wae.

6.   Sinopsik ora entuk nyimpang saka crita asline.

Komentar

Postingan Populer